Tampilkan postingan dengan label High School. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label High School. Tampilkan semua postingan


Tobat cah, wes ongko 3 iki umurmu. :P

Tak pikir-pikir aku durung tau nulis tentang 2.3. Padahal, ora maido 2.3 wes tau dadi hal penting banget pas aku isih abege, dadi cah sekolahan, cah seragaman jaman naliko semono. Horok! Kok tibo-tibo aku rumongso tuwo. Hahaha. Oke, mumpung ono bahan lan ono niatan, aku arep nulis sethithik nyangkut 2.3, ngepasi dino iki mau bar ketemu karo sebagian prokonco 2.3. Reuni halal bi halal critane. 

Wes tho, pokoke acara dino iki seru lah. Sik, tak rangkum pembukaane. Jarene kumpul jam 1 neng alun-alun, cedhak starstrek opo emboh jenenge wareng bestik neng poncot komplek Pemda Boyolali sing anyar. Jebul wes jam 11 dikandani yen warunge bukake jam 3. Arep ganti lokasi yo repot wong podho sing bingung golek panggonan, arep ganti wektu nanggung temen. "Sing penting ngumpul kene sik ngarep Startrek.", jarene Lek Harowi sing dadi relawan dadakan panitia gegoro teko paling risik. Aku tekan jam 1 kurang 5, ketemu Lek Har wes nunggu kono karo anak lanange- Okta jenenge. Yes! On time. Yoi gaes, aku paling seneng yen iso on time. Kesuwen nunggu akhire nggolek warung cedhak alun-alun. Luwe aku durung madang ket isuk. Golek-golek panggon ketemu warung Soto Lamongan kidul mejid agung. Bar mangan semangkok soto, mbak Nia Supit teko karo bojo, anake 'Asya' lan adine 'Dani'. Pirang suwe trus Gogon teko karo nyonyahe 'Risma', trus nyusul SW lan Majid. Yoiii rame.. Neng po iyok o ngumpul neng warung soto. Akhire pindah lokasi neng warung Opallet mburi SMP2 sing kebetulan junior Persada 'Ozy Fauzy' kerjo ngkono. Akhire, lokasi ne dadi kene. Nyusul ndanganu Agung, DS, Fifi. Wes pokoke gayeng (Rodo lebay thithik ben podho ngiri)... 

Aku mau ra sempat lho cah, ngomong kesan dan pesan nggo poro konco. Hehehe.. Gagal fokus gegoro sambutane Paklik sing mantap jaya! Aminnn.. Wes, tak tulis kene ae yo. 

Selfie sik neng Soto Lamongan dul mejid agung

Mas Gogon, sang panitia abadi, EO paling kece sejagad 2.3, suwun yo Mas Gogon wes ngebosi paling gedhe. Hahahaha.. Tak sebut jenengmu paling sepisan iki soale dadi sponsor utama.  Sekalian syukuran yo Gon, kan manten anyar. Gogon pinter banget ki lho golek bojo, ayu rek. Gon, pokoke yen kelingan Gogon ki mesti kelingan karo bola-bolone sing malah dino iki ra iso melu, Soleh (sing jarene sibuk usaha manuk) karo Dani Cenil (Pak polisi sing jarene nglatih Gajah Lampung). Kelingan ora kowe podho senenge ngece aku "urung odas, urung adus!" gegoro tampilan kucelku. Hehehe. Saking anyele ben ora diwodo urung adus, aku yen mangkat sekolah tak telesi rambutku ben katon bar adus. Hahaha. Padahal yo ra ngefek, tetep ae. Trio paling bersejarah lah Gogon, Soleh, Cenil iki. Yen mengko podho ngumpul wong telu lan ono aku, jal saiki wani ora nggawei aku?! Ahahaha.. 

Lek Harowi. Oalah Lek, sepuro yo aku ki ora tahu updet critomu. Iki urung suwe aku lagi weruh tentang perjuanganmu nglawan penyakitmu. Pokoke sing penting sehat terus Lek. Lek Har ket mbiyen koyone yo ora malih, carane ngomong ki lho, sesuatu banget. Wes ngono saiki lek Har semangate menggebu-gebu banget. Sukses lho Lek nggo kabeh-kabeh rencanane. Aku melu ndonga muga-muga Lek Har cepet iso menyang Jakarta ben iso ndelok Monas! Yen ono kesempatan sopo ngerti iso ndelok festival 'n*de' nyang Amrik kono sing tak crito mau lho. Koyone kan Lek Har tertarik. Hihihi.. 

Poto sik cah

Supit, mboh kapan yo ora tahu pethuk Supit tapi Supit ora patek malih sik. Yoi Supit, awet nom (koyo SW sing ora malih babar blas!). Supit wes duwe anak lho, jenenge Asya. Ndek mau anake ngrebut hpne anake Lek Har ngasi nangis. Haha.. Cilik-cilik, meneng-meneng tapi usil. Tiru sopo yo? Sukses yo Nia. Kelingan Supit dadi kelingan Yekti. Sopo iki sing reti kabare Yekti? Mbok diupdet yo. Ice Juice Marice DS, oalah  DS iki piye kabare yooo, aku jan pangling temen. Saiki bulett banget. :) Ice ki sepaket karo mbak Wi'. Neng ndi saiki mbak Wi'? 

Fifi, piye iki kabare lima sekawan? Kelingan ora mbiyen mejone awak dhewe cedhak terus, aku-kris lan fifi-tw. Goro-goro kuwi dadi kerep nggosip. Plus ditambah Santi. Pas neng mBali kae lho awak dhewe sekamar. Hehehe. Fifi saiki yo tetep ora manglingi kecuali yo saiki luwih ceria. Secara, wes ono kakang mas-e, sing jebule konco SMPne Uun. Oalah, donya kok sempit temen. Sukses yo Fi. Kabar-kabar terus yo. 

Selfie sik karo mbak Nia lan Asya

SW, hehehe, iki tonggoku sedeso, ket SD wes kenal yo, kadang dolan bareng neng ndeso yo. SW, kowe kok awet men ora malih-malih? Bedone yo mung buntute wes akeh. Aku mau ora akeh sih nggosip karo SW dadi ra pati updet. Wes ngko ae lah yo disambung. Hahaha... Yen Majid yo mau rodo akeh ngobrol soale lungguhe pas ngarepku. Sing diomongno tapi yo ora adoh-adoh seko masa lalu sing marahi ngguyu. Opo Jid? Yoi, Shiro-chan. Kelingan ora kae neng Bali dho ngantri njuk poto karo kowe? Shiro-chan, yo aku barang kan fansmu. Ojik, ojo nesu yo, kowe mau yo dibahas thithik. Lha, nyambung sih. Haha.. 

Mas Tekad, kembaranku sing ora ono miripe babar blas. Mbok yen ulang tahun ki sekalian bareng. Wekekek.. Tekad tambah lemu cah. Atlet pingpong sing jarene saiki pindah dadi atlet futsal. Mas Tekad Asmoro Seto Cahyo Utomo Noto Boto Limo Mangku Segoro.. Jenengmu ki Kad, dowone ora ono sing ngalahi. Kad, ambokno awak dhewe lahire bareng kok kowe wis dhisiki ono gondelane! Aku mbok tinggal! :P Tapi tenang ae, Agung yo isih single hepi. Hahaha... Isih ono koncone aku. Woles yo Gung, sukses karo usahane. Mengko yen tongkrongane wes dadi kabar-kabar, sopo reti ngko yen ono acara iso dadi tuan rumahe. Amin. 

Mbak Uun sing direwangi nyetir seko Semarang-Salatiga (oiyo, Deni piye kae?), Mas Ojik sing lagi tekan pas wes podho bubar, suwun banget lho. Mengko kapan-kapan yen jodho lak yo pethuk. Kristianti, konco semeja sing paling keceh saiki lagi sibuk ngurusi dedek bayinya. Sehat selalu yo Kris, selamat menjadi Ibu. Mas Duta sing jarene lagi tepar neng Purwokerto, Mas Anang sing jarene arep mangkat yen mbak Ana mangkat trus dadine yo tetep ora mangkat (hahaha), Mas Jujuk sing jarene isih langsing, Mas Susi sing paling guanteng, mbak Endang nduts, moga-moga lain kali iso gabung yo. 

Cedhak e dho sms-an lho
Trus prokonco sing kok ora krungu kabare; Toyib kae piye kabare? Sih dadi marbot ora?; Umi karo Haryanti yoan kok ora tau krungu kabare?; opo maneh Paijo kae opo isih urip? Hahaha...; Dian Timtim sing jarene dadi dokter khewan?; Dian Papua sing sombong banget jarene rak tahu mbalesi komen fesbuk?; Pak dokter Arga; Kuncung sing jare dadi bapak; sopo maneh iki sing urung tak sebut? Sepuro yo yen ono sing keleler. 

Pokoke cah, aku yo rumongso kok yen saiki awak dhewe mesthi wes sibuk karo urusane dhewe-dhewe, seko ngurusi keluarga, ngoyak karir, sibuk usaha lan liyo-liyane. Aku yo ho o. Tapi, tetep yen ono wektu lan kesempatan aku bakal tak sempatke, soale 2.3 iki adalah 'kenangan istimewa' yen oleh nyilih kata-katane mbak Uun. Yo mesthi istimewa tak tergantikan. Akeh banget lah crito sing yen tak eling-eling mung marahi ngguyu. (Horok! Aku malah kelingan jaman aku nggambar sirah gundul ono tulisan ekonomi trus aku disetrap karo Pak Gimin guru ekonomi kae lho. Kowe dho kelingan ora? hahaha.. sumpah aku nulis karo ngakak!). Kapan maneh yen bar lebaran opo kapan ono wektu, paling ora ketemu lah yok, rak ketang mung ngopi segelas rong gelas, ngobrol ngalor ngidul ngelingi jaman semono, bagi-bagi crito pengalaman uripe dhewe, opo sekedar ngrungokne pidatone Lek Har kae. hehehe.. InsyaAllah ngasi tuwo awak dhewe isih isoh guyub koyo ngene. Wes semono ae aku sing nulis yo. Wes ngantuk aku. 

Mesthi mbengi iki aku kepenak turune, ngelingi jaman SMA sing paling berkesan bareng cah-cah 2.3 sing paling tak sayangi kuabehh!  Iki tak cuplikne lirik lagu sing aku seneng banget lan cocok nggambarke rasaku nggo kowe cah-cah 2.3. Yok nyanyi bareng! Forever young I wanna be forever young... la la la... ha ha ha... 

"It's so hard to get old without a cause
I don't want to perish like a fading horse
Youth's like diamonds in the sun, 
And diamonds are forever "

--Alphaville/ Forever Young--



-----

Galeri poto


Lek Har lagi pidato sambutan. Hehe

Gaya sik cah.

Poto sakdurunge Nia bali dhisik

Jarene mas Gogon ongko 10/ hahaha

Rupane podho ora jelas kabeh kakean gaya. :P


-------
Ini bukan cerita lama, baru saja terjadi dan masih segar di ingatan. Waktu libur kenaikan SMA ke kelas 3, kami, anak-anakk kelas II-3 sebuah SMU di kota kecil di Boyolali (waktu itu belum menjadi SMA) mengadakan piknik ke Pulau Bali. Wuihh...!!!! Bali loh ! Jauh ! Selama lima hari kami bersama-sama di Pulau Dewata yang sangat indah. Dan kejadian ini adalah yang terjadi ketika perjalanan pulang ke Boyolali. Ketika itu tahun 2003.

Saat di perjalanan pulang, tepatnya sehabis makan malam di peristirahatan di daerah Jawa Timur. Restoran tempat kami makan bernama Restoran Nusa Dua (kalau tidak salah ingat J). Setelah menghabiskan makan malam dan  menunggu bus berangkat kembali, kami melakukan berbagai aktivitas masing-masing. Banyak dari kami yang hanya duduk-duduk di teras restoran sambil ngrumpi, yang lainnya ngantri di kamar mandi, sholat bagi yang alim J, dan lain-lainnya. 

Setelah makan, aku ingat ingin mengambil sesuatu di bus. Aku masuk ke bus. Butuh beberapa menit untukku sadar bahwa pemandangan bus menjadi berubah. Untuk sesaat aku menjadi bingung, kursi yang awalnya putih menjadi coklat, seat  yang awalnya 3-2 berubah menjadi 2-2. Aku masih berpikir keras dan tidak mengerti juga kenapa hal ini bisa terjadi. Sampai di tengah-tengah bus aku baru sadar kalau ini bukan bus rombonganku. Salah bus nihh!!!

Di pelataran parkir, memang banyak bus yang parkir dan hampir semua bus adalah Bus Pariwisata yang menurutku mirip kalau tidak boleh dikatakan kembar. Saat itu aku langsung saja nyelonong ke salah satu bus yang parkir pas di depan restoran. Ketelodoran dan kemampuan rendahku untuk mengenali bus sendiri itu yang membuatku dilanda hal memalukan ini.

Aku buru-buru keluar dari bus yang salah, dan sial bertambah karena rombongan yang punya bus itu berada di sana, tepat di depanku yang baru saja keluar dari bus mereka. Bersama-sama mereka melihat ke arahku, seperti melihat artis (tapi artis dari WC), dan mereka kompak bersorak ke arahku “ 
huhhhhh......”. Huh yang terdengar lama sekali untukku. Tak ada yang terasa padaku kecuali malu setengah mati, terlebih mereka juga sepertinya adalah rombongan SMA, seumuran denganku. Maluu... yang bisa kulakukan hanyalah senyum-senyum dan lirih berkata “sorry”. Jika dipikir ulang, aku beruntung karena mereka tidak menganggapku pencuri. He

Aku berbalik dan mencari teman-temanku yang entah pada kemana. Di belakang ku masih terdengar ketawa-ketiwi dan sorakan, cuek ah... Aku memutuskan untuk tidak menceritakan hal memalukan ini kepada teman-temanku. “Kurang kerjaan apa!”
@2003 bersama teman2 di dalam bus yang benar, with secret faces :)

Tapi karena namanya juga ‘aku’, bukan aku kalau tidak bercerita. Semua teman-temanku juga ikut tertawa mendengar hal ini. Tiba-tiba ada satu hal yang membuat kesal dan sebal, ternyata saat aku masuk ke bus sial itu, si ndang (salah satu temanku) melihatnya, tapi kenapa juga dia tidak memberitahuku! Dasar!